Tampilkan postingan dengan label Renungan Jawa. Tampilkan semua postingan
Images

GESANG ING PEPADHANG

Sabda : I Yokanan 1 : 7
“Balik manawa laku kita ana ing pepadhang kayadene Panjenengane iya ana ing pepadhang, dadi kita padha tetunggalan, sarta rahe Gusti Yesus Kang Putra iku ngresiki kita saka sakehe dosa”

Pasamuwan ingkang kinasih
Satunggaling dinten ing kitha Brockton, Massacusette, nembe kawontenaken acara ceramah ingkang njlentrehaken isining Kitab Suci. Bahan ingkang kaparingaken kapetang angel dipuntampi dening para ingkang rawuh. Ing satengahing acara ceramah punika, wonten satunggaling nem-neman ingkang ngacungaken tanganipun lajeng ngucap : “Nalika kula ndherek ceramah punika, sejatosipun wiwit pambuka ngantos sakpunika, kula dereng mangertos lan taksih bingung, nanging kula tetep percaya lan badhe tansah mituhu”. Ing antawisipun peserta sanes wonten piantun ingkang nami Daniel Tower, satunggaling pakar Musik (ingkang gesang ing tahun 1850-1919), nalika mirengaken pangakenipun nem-neman punika tuwuh remenipun.
Enjingipun, Daniel Tower lajeng ndamel serat lan nyariosaken lelampahan punika dhateng rencangipun inggih punika John Sammis (ingkang gesang tahun 1846-1919). John Sammis punika pandhita Gereja Presbiterian ingkang ugi asring nyerat lan damel lirik lagu. Awit mireng cariyos ingkang mekaten, John Sammis tuwuh pamikiran, prayogi lelampahan punika kadadosaken lirik lagu. Lagunipun mekaten :

Trus and obey, for there’s no other way
To be happy in Jesus, But to trust and obey
Ingkang tegesipun :
Pitados lan mituhu, awit mboten wonten cara sanes
Supados bingah wonten ing Gusti Yesus, mboten wonten sanes kejawi pitados lan mituhu

Tembung-tembung ingkang kadamel kalawau dening Sammis dados Refrein lagunipun ingkang enggal. Sawetawis wekdal saksampunipun nyerat tembang punika, Sammis maos serat I Yokanan. Sammis manggihaken ayat 7 ingkang mekaten : “Balik manawa laku kita ana ing pepadhang kayadene Panjenengane iya ana ing pepadhang , dadi kita padha tetunggalan, sarta rahe Gusti Yesus Kang Putra iku ngresiki kita saka sakehe dosa”
Awit maos serat punika, Sammis lajeng nyerat tembang lagu malih :
When we walk with the Lord
In the light of His Word,
What a glory He sheds on our way!
While we do His good will,
He abides with us still,
And with al who will trust and obey.
Ingkang tegesipun ;
Umpami kita mlampah kaliyan Gusti
Ing pepadhanging pangandikanipun
Mesthi kamulyan kasunaraken ing margi kita                              
Nalika kita nindakaken kersanipun ingkang prayogi
Panjenenganipun dedalem ing gesang kita
Mekaten ugi sumrambahipun dhateng sinten kemawon ingkang pitados lan mituhu.

Seratan punika lajeng kaparingaken dhateng Daniel Tower malih. Dening Tower  tembung-tembung punika lajeng kadamel dados lagu. Ingkang sakpunika kaagem dados lagu ing NKB no 116 kanthi jejer “SIAPA YANG BERPEGANG”.

Pasamuwan ingkang kinasih
Punapa ingkang katedahaken dening kaneman, Daniel Tower lan John Sammis punika minangka satunggaling conto, kadospundhi mbudidaya mangertosi pangandikanipun Gusti ingkang kawujudaken ing gesang. Ing winatesing pangertosan bab kersanipun Gusti, wonten keyakinan lan sikap ingkang mituhu kersanipun Gusti.
Perkawis punika ingkang perlu dados pasinaon kita sedaya, awit kadangkala kita sampun rumaos mangertos kersanipun Gusti kamangka sejatosipun dereng babar pisan.
Kita gatosaken malih pangandikanipun Gusti: “Balik manawa laku kita ana ing pepadhang kayadene Panjenengane iya ana ing pepadhang, dadi kita padha tetunggalan, sarta rahe Gusti Yesus Kang Putra iku ngresiki kita saka sakehe dosa”
Pangandika punika nelakaken bilih tiyang pitados ingkang purun gesang ing pepadhangipun Gusti badhe ngraosaken panunggalanipun ingkang elok lan pakaryanipun Gusti lumantar sangsara lan sedanipun badhe paring resike gesang saking blengguning dosa.
Kanthi mekaten ingkang perlu tansah dipungatosaken inggih punika laku (lampahing) gesang kita ingkang tansah wonten pambudidaya murih gesang lan panggesangan kita tumuju ing kasampurnanipun Gusti .
Senajan kirang ing pangertosan lan kirang pana ing bab pangandikanipun Gusti ananging ing lampah sauger tansah gesang miturut kersanipun Gusti lan  nglairaken kasaenanipun, sedaya kalawau mujudaken gesang ingkang katuntun ing pepadhang.

Awit saking punika sumangga sesarengan kita budidaya tansah pitados lan mituhu kersanipun Gusti, supados gesang kita tansah kawengku ing pepadhang lan lampah kita nglairaken pepadhang. 
Balik manawa laku kita ana ing pepadhang kayadene Panjenengane iya ana ing pepadhang, dadi kita padha tetunggalan, sarta rahe Gusti Yesus Kang Putra iku ngresiki kita saka sakehe dosa.
Amin.